GEGAYUHAN LUHUR
Dening : Tunggul Pratonggopati
Nalika aku lungguh, ing dhuwure watu gilang
Panyawangku, adoh nrawang
Bebasan bisa mabur, sesandingan lintang lan rembulan
Miyak keketing mega, nantang bagaskara
Ambyur ing jembare samudra,
Aku ngrumangsani....
Yen gegayuhan luhur kuwi
Ora gampang kaya methik wohing ranti,
Ora teko karepe dewe, ora ceblok soko langit
Nanging....
Kudu gentur tapane lan kudu gedhe prihatine
Gegayuhan luhur kuwi....
Disranani nganggo sinau, sinau, sinau kalawan donga
Ora gampang melu ombyaking jaman
Ora gampang katut lamis, lan manising lathi
Sing bisa mupus tekat lan semangat ati
Duh gusti, kang maha Agung
Mugi-mugi sedaya gegayuhan kawula
Saged kasembadan