Jumat, 14 Juli 2017

GEGAYUHAN LUHUR
Dening : Tunggul Pratonggopati

Nalika aku lungguh, ing dhuwure watu gilang
Panyawangku, adoh nrawang
Bebasan bisa mabur, sesandingan lintang lan rembulan
Miyak keketing mega, nantang bagaskara
Ambyur ing jembare samudra,

Aku ngrumangsani....
Yen gegayuhan luhur kuwi
Ora gampang kaya methik wohing ranti,
Ora teko karepe dewe, ora ceblok soko langit
Nanging....
Kudu gentur tapane lan kudu gedhe prihatine

Gegayuhan luhur kuwi....
Disranani nganggo sinau, sinau, sinau kalawan donga
Ora gampang melu ombyaking jaman
Ora gampang katut lamis, lan manising lathi
Sing bisa mupus tekat lan semangat ati

Duh gusti, kang maha Agung
Mugi-mugi sedaya gegayuhan kawula
Saged kasembadan
ASMARANDANA

Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Urubisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra

GEGAYUHAN LUHUR Dening : Tunggul Pratonggopati Nalika aku lungguh, ing dhuwure watu gilang Panyawangku, adoh nrawang Bebasan bisa...